Jumat, April 24, 2009

Bu guru lan Muride

nang sakwijine dino, nang sekolah taman kanak kanak, bu guru sing lagi ngajari cara ma'em, ono pitakon karo murid muride:

Bu Guru: Nah, wau sampun di ajari kalih bu guru, nak ma'em sego niku di mamah, nak obat di untal, Hayo anak anak, saiki disebutno barang sing di emut

Murid A : permen bu guru!

Bu Guru: pinter!

Murid B : coklat bu guru!

Bu Guru: pinter!

Bu Guru: hayo wonten sing ngertos maneh?

trus soko mburi ono sing ngacung..

Murid C : kulo ngertos bu guru!

Bu Guru: nggih, opo cobo?

Murid D : sarung bu guru!

Bu Guru: lha?! kok sarung?

Murid D : inggih bu, soale kulo wau ndalu mireng ibu ngendiko kalih bapak ngeten "gek ndang sarunge copoten pak, gek ta' emute"....

Bu Guru: hah?!

Selasa, April 14, 2009

Jancuk, Jancok, Diamput

Jancok iku iso kanggo koncoan utowo musuhan, tergantung teko ngendi ndelok’e Pak.

Jancok, Jancuk utowo dancok kuwi boso khas Suroboyoan sing nyebar seantero jagad. Siiieh. Wong Jawa Timur sing manggon ndek Suroboyo, Malang lan sekitare iki sing mulai nyebarno.

Nurut mas Anang, Jancok asale soko boso ‘encuk’ sing nduwe arti padanan ‘bersetubuh’ utowo nek bahasa meduro dikenal ‘fuck’. Awale soko boso ‘di-encuk’, trus ‘dancok’ lan akhire dadi boso ‘Jancok’.

Sak jane akeh macem’me kanggo boso jancok iki, misale jancuk, dancuk, dancok, diamput, damput, daiampot, mboke ancuk (motherfucker -boso meduro), jangkrik, hancik, hancok, hancurit.

Nek di ulur arti asline, boso iki ngarah ning makna kotor. Umume, boso iki kanggo mbengok nek awak lagi emosi, benci karo wong utowo opo wae.

Tapi, yen dirasakno soko waktu ke waktu, makna boso iki dadi meluas. Boso iki sering digawe karo konco-konco ning cangkruk’an. Malah ora manteb yen ora nganggo boso Jancuk ndek omongan. Dadine yo wis umum lan dadi sego jangan kanggo kekoncoan. Iso diartekno, boso jancok iki wis umum kanggo simbol kekoncoan ndik warga Suroboyo lan sekitarnya.

Boso iki sering digawe ndek situasi keakraban. Misale kanggo nggantekno kata panggilan, “Yok opo kabarmu cuk !”, “Jancuk ayune reeek”, “Jancuk, lapo moco iki” hahaha. Sakjane, sing diajak omong kudu gak oleh muring-muring, soale omongan kuwi diselingi karo guyonan akrab.

Boso Jancuk akhire duwe arti jembar tapi ora ngeres utowo elek, sing intine kanggo negesno omongan. Ngene contone : “Wis mangan ta cuk ?”, “Iyo cuk, aku ket wingi durung mangan, Luwe cuk”. “Jancuuk, indonesia menang bal-balan karo thailand, pemaine seksi-seksi cuk … haaaaah”.

Dadine, boso Jancuk iso bermakna ganda. Iso digawe kanggo emosi, iso digawe kanggo kekoncoan sing akrab. Tergantung atine dewe - dewe Cuk !. Hehehehe.


Post by : Kang Nardi

Senin, April 13, 2009

la bokonge megal-megol pak hakim

Mat Pithi nekad njaluk hakim pengadilan agomo supaya isok megat bojone, ning Saropah. Mat Pithi ngaku jik cinta, tapi tetep ae ngotot supaya isok megat bojone mau. Apa-a ? Mat Pithi gawe alesan, nek nalika omahe dirampok ndisik, onok rampok sing memerkosa bojone.

Lho lak sak-aken, tah Mat bojomu iku? Wis diperkosa mbarek rampok, kok malah kate peno pegat. Kudune lak disakno, tah. Ngono jarene hakim.

Nggih pak hakim. Sak jane ngoten kula nggih sak aken kalih piyambake. Nopo malih kiyambake diperkosa kalih rampok.

Lha iya, wis ngerti ngono, kok. Opo-o koen gak nulung ?

Yok nopo kulo saged nulung, pak Hakim. Wong kulo ditaleni seret. Kula dipeksa ningali bojo kulo diperkosa.

Lha terus ?

Waune kula nggih sak aken, pak Hakim. Wong piyambake nggih bengak-bengok, kalih meronta-ronta. Tapi suwe-ne-suwe, lha kok pun mboten bengak-bengok malih, malah ngeses-ngeses.

Lha ?

Lha nggih niku, bokonge dadakan megal-megol.

nulis nggo boso jowo

Alhamdulillah. Puji syukur dumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, Allah SWT, Tuhan YME. Kuwi disek sing iso tak ucapke kanggo kehadiran obrolan kang nardi iki. Seneng tenan karo web iki, soale karo web ikilah aku iso nulis nggo boso ibuk ku. Boso sing sering tak rungokno, sering tak gawe ngomong karo Ibu lan Bapak, ugo adek-adekku. Boso letheg sing tak gawe kekoncoan pisan naliko TK sampek kuliah.

Selama nekuni ndoyo sekolahan lan usaha, boso mayoritas sing tak gawe yo Indonesia. Ancene dek’ne boso sing ngerteni wong-wong sak Indonesia. Naliko nggon formal kuwi tak deleh, aku mbalik nggawe boso jowo. Ono roso lain pas nggawe boso ibuk iki, yo kuwi ngroso iso nyampekno roso ing awak. Aku jek meyakini, boso sing pas kanggo nyampekne uneg-uneg roso kuwi boso Ibu. Yen bagiku, yo boso jowo kuwi.

Obrolan kang nardi iku mak bedunduk metu amargo latar belakang kuwi mau, awak’e dewe wis terlalu suwe berkutat ndek ruang lingkup formal, boso penyampaian lan boso tulisan mayoritas nggawe boso Indonesia. Aku dewe gak pengen, kehadiran Obrolan Kang Nardi iki iso nimbulke roso sektarian sukuisme. Mbuh opo kuwi artine. Pokok’e, web iki ora bermaksud ndadek’ke pemikiran sempit eksklusip. Ora lo !. Ngene wae wes. Aku tak omong boso Indonesia sek ya.

Jadi begini, kepada para tamu, sahabat semua. Obrolan Kang Nardi lahir karena ide iseng saja. Tapi ternyata, keisengan itu berdampak kepada rasa kuat untuk memperindah sesuatu. Apa itu ? Ya itu melestarikan apa yang telah ku alami, apa yg telah kuperoleh selama hidup didunia bersama orang tua, adek-adek dan teman-teman.

Saya dalam Obrolan Kang Nardi tidak berupaya untuk menciptakan golongan eksklusif yang hanya bisa berbahasa Jawa, atau sukuisme Jawa. Itu salah kaprah !. Tema besar dalam Obrolan Kang Nardi adalah mensyukuri dan mempercantik keberadaan diri apa adanya.

Saya tidak ingin mengingkari diri bahwa saya lahir dan besar secara kebetulan di tanah Jawa. Kebetulan itu adalah kehendakNYA. Bukan kehendak saya untuk diajak berbicara bahasa Jawa sebagai media bahasa hidup dalam keluarga dan bersosialisasi di masyarakat. Tentunya pembaca sudah bisa menangkap maksud saya kan ?.

Hal tersebut patut saya syukuri dengan tetap melestarikan keberadaannya. Saya tetap berbahasa Jawa, bisa berbahasa Indonesia, bisa berbahasa Inggris dan Bali walau itu belum lancar. Jadi, media Obrolan Kang Nardi adalah sarana pelestarian Bahasa Jawa dengan ragam dialek, kosakata dan maknanya. Jika saya kebetulan dilahirkan di New York, sangat kecil sekali akan menulis Bahasa Jawa.

Jadi, begitulah adanya. Obrolan Kang Nardi adalah media pelestarian, nostalgia, ekspresi dan kreatifitas diri dalam mempercantik hidup. Obrolan Kang Nardi tidak berupaya melahirkan sekte baru atau bersifat eksklusif Jawanisme. No sir ! Kita hidup didunia ini adalah menjalankan keputusanNya, karena dulu kita tidak bisa memilih untuk lahir di belahan dunia manapun juga. Tidak bisa memilih untuk lahir melalui rahim Hillary Clinton, Eva Peron, Margareth Techer ataupun Megawati Soekarno Putri.

Oke sir ! Stay Peace ! … Perdamaian itu Indah …

*** Swicth to boso jowo

Yo gitulah rek, maksudku mbangun Obrolan Kang Nardi. Jenenge wae media untuk pelestarian, ekspresi dan kreatifitas diri, lan nostalgia, maka bekne awak’e peno pengen nulis ndek kene, aku terbuka untuk membuatkan keanggotaan ndek kene. Supoyo awake peno iso nulis ndek kene. Sing penting, boso sing digawe kudu boso Jowo.

Yok opo ? Gelem ta sampeyan, awake peno ?. Kontak aku wae yo, ben gayeng lan rukun. Mengko tak buatke keanggotaan.

Cheers

Kang Nardi

Kamis, April 02, 2009

Urip kang rekoso

Kanggo aku iki kejadian sing langka utowo jarang tak temoni...........la kepiye aku dewe yo bingung opo sing iso mbedakke urip sing rekoso karo urip sing gur isine seneng2.
wis lah cukup semene wae obrolanku....Lagi mumet