Selasa, April 14, 2009

Jancuk, Jancok, Diamput

Jancok iku iso kanggo koncoan utowo musuhan, tergantung teko ngendi ndelok’e Pak.

Jancok, Jancuk utowo dancok kuwi boso khas Suroboyoan sing nyebar seantero jagad. Siiieh. Wong Jawa Timur sing manggon ndek Suroboyo, Malang lan sekitare iki sing mulai nyebarno.

Nurut mas Anang, Jancok asale soko boso ‘encuk’ sing nduwe arti padanan ‘bersetubuh’ utowo nek bahasa meduro dikenal ‘fuck’. Awale soko boso ‘di-encuk’, trus ‘dancok’ lan akhire dadi boso ‘Jancok’.

Sak jane akeh macem’me kanggo boso jancok iki, misale jancuk, dancuk, dancok, diamput, damput, daiampot, mboke ancuk (motherfucker -boso meduro), jangkrik, hancik, hancok, hancurit.

Nek di ulur arti asline, boso iki ngarah ning makna kotor. Umume, boso iki kanggo mbengok nek awak lagi emosi, benci karo wong utowo opo wae.

Tapi, yen dirasakno soko waktu ke waktu, makna boso iki dadi meluas. Boso iki sering digawe karo konco-konco ning cangkruk’an. Malah ora manteb yen ora nganggo boso Jancuk ndek omongan. Dadine yo wis umum lan dadi sego jangan kanggo kekoncoan. Iso diartekno, boso jancok iki wis umum kanggo simbol kekoncoan ndik warga Suroboyo lan sekitarnya.

Boso iki sering digawe ndek situasi keakraban. Misale kanggo nggantekno kata panggilan, “Yok opo kabarmu cuk !”, “Jancuk ayune reeek”, “Jancuk, lapo moco iki” hahaha. Sakjane, sing diajak omong kudu gak oleh muring-muring, soale omongan kuwi diselingi karo guyonan akrab.

Boso Jancuk akhire duwe arti jembar tapi ora ngeres utowo elek, sing intine kanggo negesno omongan. Ngene contone : “Wis mangan ta cuk ?”, “Iyo cuk, aku ket wingi durung mangan, Luwe cuk”. “Jancuuk, indonesia menang bal-balan karo thailand, pemaine seksi-seksi cuk … haaaaah”.

Dadine, boso Jancuk iso bermakna ganda. Iso digawe kanggo emosi, iso digawe kanggo kekoncoan sing akrab. Tergantung atine dewe - dewe Cuk !. Hehehehe.


Post by : Kang Nardi

1 komentar:

  1. yo bener kui setuju, tapi nang wong jawa tengah misuhe yo bajingan

    BalasHapus